Cari Blog Ini

Minggu, 19 Februari 2012

NGREMBAKAKAKEN PRANGKAT PAMUCALAN BASA JAWI INGKANG ADHEDHASAR PENDHIDHIKAN KARAKTER BANGSA


NGREMBAKAKAKEN PRANGKAT PAMUCALAN BASA JAWI
INGKANG ADHEDHASAR PENDHIDHIKAN KARAKTER BANGSA
Dening : Dra.Sri Sulistiani, M.Pd
Dosen Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah FBS Unesa
Abstrak
Salah satunggalipun upaya kangge mujudaken lingkungan strategis wonten donyaning pendhidhikan ingkang dados program pamarentah ngrembakakaken Pendhidhikan Karakter Bangsa. Ingkang ndhasari Pendhidhikan Karakter Bangsa menika raos prihatin sesambetan kaliyan era globalisasi ingkang mangaribawani dhateng tingkah laku lan kapribadenipun generasi mudha, kadosta tansaya mindhaking tindak kekerasan, tumindak (perilaku) ngrusak dhiri (ngginaken narkoba, seks bebas), boten jujur, andhaping raos tanggel jawab individu lan warga nagara. Pendhidhikan karakter mujudaken pendhidhikan nilai, budi pekerti, akhlak, moral, watak ingkang tujuanipun ngrembakakaken kawasisanipun para siswa salebetipun milah kaputusan sae lan awon, lan saged ngetrapaken samubarang ingkang sae ing salebitipun gesang saben dintenipun kanthi tumemen, minangka asil olah pikir (cerdas), olah hati (jujur), olah rasa lan karsa(peduli), sarta olah raga (tangguh) sawenehing pawongan utawa saklompok tiyang. Pendhidhikan karakter boten namung mucalaken babagan pamilahing tumindak ingkang leres lan lepat, ananging langkung munjeraken nanemaken kabiyasaan (habituation) babagan ingkang sae lan leres, saengga para generasi mudha dados paham (kognitif) ngengingi bab ingkang leres lan lepat, saged ngraosaken pundi ingkang leres lan lepat (afektif), sarta saged ngetrapaken (psikomotor) babagan ingkang sae lan leres menika wonten ing gesangipun
Amargi pendhidhikan karakter mujudaken kabiyasan, pramila pambangunipun karakter satunggaling pawongan menika mbetahaken communities of character ingkang dumados saking kulawarga, sekolah, institusi keagamaan, media, pamarentahan, lan sedaya pihak ingkang saged mangaribawani nilai-nilai karakter tumrap generasi mudha. Sedaya communities of character kasebat kedah saged maringi patuladhan, intervensi lumantar proses pamucalan, pambiyasan lan latihan ingkang dilampahi kanthi konsisten, lan ugi maringi panguwatan.
Ngengingi wigatosaken pendhidhikan karakter tumraping generasi mudha kalawau, salah satunggalipun wujud intervensi pendhidhikan karakter ing proses pamucalan kedah dilebetaken ing sedaya mata pelajaran (mapel). Pendhidhikan karakter kedah kaandharaken lumantar pangrembakan prangkat pamucalan, kadosta awujud silabus lan RPP. Sesambetan kaliyan andharan ing nginggil, underaning prekawis ingkang badhe kawedharaken ing makalah menika, inggih menika: (1) Menapa ta pendhidhikan karakter menika?; (2) Menapa ta peranipun guru ing salebetipun pambangunan karakter bangsa?; lan (3) Kados pundi ngrembakakaken prangkat pamucalan adhedhasar pendhidhikan karakter ?
Pamedharing prekawis ing nginggil anggadhahi tujuan ngindhakaken pendhidhikan ingkang langkung sae lan nggadhahi daya saing ingkang kawujudaken lumantar lulusan utawi output-ipun. Siswa nggadhahi kompetensi ingkang unggul ing babagan kognitif, psikomotor, lan afektif, saengga dados generasi mudha ingkang nggadhahi kapribaden lan tansah njunjung jatidhiri bangsa Indonesia. Guru kagungan peran nanemaken pendhidhikan karakter dhumateng siswa lumantar proses pamucalan lan prangkat pamucalan ingkang dipuntindakaken. Prangkat pamucalan ingkang adhedhasar pendhidhikan karakter nggadhahi titikan bilih tumindak karakter kedah kawedharaken wonten indikator afektif, inggih menika perilaku berkarakter lan ketrampilan sosial lan ugi kaandharaken wonten langkah-langkah pamucalan. Ing babagan menika, para guru kantun nindakaken rekonstruksi saking prangkat pamucalan ingkang sampun kaserat, boten nyerat saking wiwitan malih.

PENDHIDHIKAN KARAKTER BANGSA
Abad 21 utawi ingkang kasebat Millenium Baru utawi ugi dipunwastani era globalisasi dipuntandhani kanthi ngrembakanipun IPTEKS, samukawis arus informasi ingkang sarwi cepet lan modern, daya saing ingkang kompetitif lan komunikasi ingkang sarwa efektif, lan donya kadosdene tanpa wates ingkang tuwuh dados global village. Globalisasi ugi ndadosaken sesambetan ingkang tinarbuka lan gantung-gumantung ing antawisipun nagari-nagari ing donya menika, pramila kompetisi utawi daya saing antawisipun nagari-nagari ugi tansaya kiyat mliginipun ing babagan ekonomi. Tumrap nagari Indonesia globalisasi menika boten namung nggadhahi pangaribawa wonten dimensi domestik, ananging ugi dimensi global. Katilik saking perangan dimensi domestik, globalisasi maringi kalodhangan positif mliginipun kangge ngadhopsi lan ngetrapaken inovasi IPTEKS saking manca nagari saengga saged njembaraken lapangan sarta kalodhangan nyambut damel tumrapipun masyarakat. Kejawi saking menika, saking perangan kauntungan domestik, pangaribanipun globalisasi menika saged ndhidhik masyarakat supados nggadhahi pola pikir kosmopolitan lan pola tindak-tanduk kompetitif, sregep nyambut damel, sarta purun sinau kangge ngindhakaken katrampilan, kaprigelan, sarta kawasisan anggenipun nyambut damel.
Saking dimensi global, kita gesang ing donya ingkang tinarbuka lan donya ingkang tanpa wates. Globalisasi saged dipunartosi minangka proses sesambetan ingkang mendunia antawisipun satunggal pawongan kaliyan pawongan sanesipun, bangsa lan nagari, sarta organisasi-organisasi kemasyarakatan, mliginipun perusahaan. Proses menika kabantu kanthi ngrembakanipun piranti komunikasi lan transportasi ingkang ngginakaken teknologi ingkang unggul (canggih), disarengi kanthi kekiyatan-kekiyatan politik lan ekonomi, sarta pangaribawanipun nilai-nilai sosial-budaya. Akibat saking sumrambahipun era globalisasi nuwuhaken wontenipun interaksi lan ekspansi kebudayan kanthi dipuntandhani ngrembakanipun pangaribawa budaya materialistik, sekularistik, lan hedonistik.
Donyaning pendhidhikan ing nagari kita ing wekdal sakmangke ugi nedhahaken fenomena ingkang kirang ngremenaken kapiyarsa saking kathahipun kasus tawuranipun para siswa, tumindak a-susila lan pornografi ing kalanganipun siswa lan mahasiswa, saperangan para cendekiawan ingkang remen dhateng kapitayan non-science kanthi nyinau ilmu sihir, black-magic, lan mistik lan sesambetan kaliyan paranormal. Kawontenan menika tansaya mrihatinaken saking pangaribawanipun budaya manca nagari (barat) ingkang awujud sensate-culture ingkang sesambetan kalian paham hedonisme kanthi orientasi panglipur selera rendah, kadosta 3-S tourisme sun-see-sex lan gaya hidup konsumeristis, rakus, boros, cinta mode, pergaulan bebas sex, individualistik akibat saking kabebasan salah arah ingkang uwal saking ajaran agami lan adat luhur budaya bangsa. Budaya sensate menika ngunggulaken nilai rasa panca driya, ngunggulaken kaendahan ingkang winates menapa ingkang dipunpirsani, dipunmirengaken, dipunraos, dipundemek, dipunincipi, kanthi munjeraken unsur sensualitas, erotik, seronok, lan karemenan ingkang sipatipun jasmaniah. Seni dipunbungkus slimut art for art’s sake, sensual, eksotik, erotik, horor, ingkang mbabaraken wontenipun night club, kasino lan panti pijet. Budaya sensate menika tansaya kiyat pangaribawanipun tumraping generasi mudha kanthi wontenipun budaya urban popular culture ingkang hedonistik, ngrembakanipun US culture imperialisme utawi uncle Sam culture, lan the globalization of lifestyle utawi gaya hidup global. Orientasi sarana panglipur ingkang kaandharaken menika sampun uwal saking kawalan paugeran agami, adat luhur, moral, akhlak, ilmu lan filsafat, lan sampun uwal (tercerabut) saking nilai-nilai budaya lan nilai-nilai normatif sanesipun. Tatalaku ing nginggil mujudaken panyimpangan saking budaya luhur ingkang sampun turun-temurun, sarta nuwuhaken tumindak kriminalitas, sadisme, lan krisis moral ingkang tansaya ngrembaka. Budaya tumindak kasar lan tumindak boten jujur ingkang asring kapiyarsakaken dhumateng masyarakat kanthi langsung utawi lumantar media massa ing wekdal samenika mujudaken salah satunggaling panyebab ingkang mahanani bangsa kita dipunklaim kecalan karakter lan jatidhiri bangsa.
Thomas Lickona (1992) wonten bukunipun ingkang asesirah “Educating for Character” ngandharaken 10 titikan tumindakipun manungsa ingkang nyengkuyung ancuripun satunggaling bangsa, inggih menika: (1) mindhakipun tumindak kakerasan ing kalanganipun para mudha ( remaja), (2) budaya tumindak boten jujur, (3) tansaya inggilipun raos boten ngurmati tiyang sepuh, guru, lan figur pemimpin, (4) pangaribawa peer group dhumateng tumindak kakerasan lan kadurjanan, (5) tansaya mindhakipun raos curiga lan boten remen, (6) ngginakaken basa ingkang awon, (7) mandhapipun etos kerja, (8) mandhapipun raos tanggel jawab individu lan warga nagari, (9) inggilipun tumindak ngrusak dhiri pribadi, lan (10) tansaya kaburipun pedhoman moral.
Menapa ingkang dipunwastani karakter? Salah satunggaling definisi karakter inggih menika tabiat, watak, sifat-sifat kejiwan, akhlak, utawi budi pekerti ingkang mbentenaken satunggaling pawongan kaliyan pawongan sanesipun (KBBI, 2008). Pendhidhikan karakter mujudaken satunggaling upaya kangge ndhidhik lare-lare supados saged mendhet kaputusan ingkang wicaksana lan ngetrapaken ing salebetipun gesang saben dinten, saengga saged maringi kontribusi ingkang positif tumrap lingkunganipun (Megawangi, 2004). Kebijakan Nasional Pembangunan Karakter Bangsa Tahun 2011-2025 ngandharaken pendhidhikan karakter mujudaken “usaha sadar dan terencana untuk mewujudkan suasana serta proses pemberdayaan potensi dan pembudayaan peserta didik guna membangun karakter pribadi dan/atau kelompok yang unik-baik sebagai warga negara
Komitmen nasional ngengingi wigatosipun pendhidhikan karakter, sacara imperatif kaandharaken wonten Undang-undang Nomor 20 Taun 2003 ngengingi Sistem Pendidikan Nasional Pasal 3, ingkang andharanipun “Pendidikan nasional berfungsi mengembangkan kemampuan dan membentuk watak serta peradaban bangsa yang bermartabat dalam rangka mencerdaskan kehidupan bangsa, bertujuan untuk berkembangnya potensi peserta didik agar menjadi manusia yang beriman dan bertakwa kepadaTuhan Yang Maha Esa, berakhlak mulia, sehat, berilmu, cakap, kreatif, mandiri, dan menjadi warga negara yang demokratis serta bertanggungjawab.” Menawi kita tintingi potensi peserta didik ingkang kepengin dipunrembakakaken sesambetan raket kaliyan pambangunan karakter bangsa.
Menapa ingkang dados pilar nasional pendhidhikan karakter? Pendhidhikan karakter minangka perangan integral saking tatanan sistem pendhidhikan nasional, pramila kedah dirembakakaken lan ditindakaken kanthi sistemik lan holistik lumantar tigang pilar nasional pendhidhikan karakter, inggih menika (1) satuan pendhidhikan (sekolah, perguruan tinggi, satuan/program pendhidhikan nonformal), kulawarga (kulawarga inti, kulawarga ageng/ wiyar, kulawarga tiyang sepuh tunggal), lan masyarakat (komunitas, masyarakat lokal, wilayah, bangsa, lan negari). Saben pilar mujudaken satunggaling entitas pendhidhikan ingkang ngrembakakaken nilai-nilai (nilai ideal, nilai instrumental, lan nilai praksis) lumantar proses intervensi (campur tangan antar elemen pendhidhikan) lan habituasi (kehidupan dunia pendhidhikan).
Pendhidhikan karakter ingkang sae kedah nglibataken boten namung aspek “knowing the good” (kawruh moral budi pekerti), nanging ugi “desiring the good” (pepinginan kangge tumindak sae) utawi “loving the good” (moral feeling) lan “acting the good” (moral action) (Lickona, 1992). Tanpa menika sedaya, manungsa kados dene robot ingkang sampun kaiket program tertamtu utawi terindoktrinasi satunggaling paham. Kanthi makaten, manungsa ingkang boten kagungan karakter ingkang sae mandhap drajatipun dados “homo homini lupus” (manungsa kados dene asu ajag tumrap sesaminipun). Menawi manungsa sampun kecalan karakter lan budi pekerti ingkang sae, tata pagesangan ing bebrayan morat-marit, masyarakat tanpa tatanan utawi awur-awuran, amargi manungsa sampun boten nggatosaken pundi ingkang sae lan awon, pundi ingkang khalal lan kharam.
Megawangi (2003) ugi ngandharaken babagan karakter ingkang nyakup 9 pilar, inggih menika (1) Cinta Tuhan dan segenap ciptaan-Nya; (2) Tanggung jawab, Disiplin dan Mandiri; (3) Jujur/amanah dan Arif; (4) Hormat dan Santun; (5) Dermawan, Suka menolong, dan Gotong-royong; (6) Percaya diri, Kreatif dan Pekerja keras; (7) Kepemimpinan dan adil; (8) Baik dan rendah hati; (9) Toleran, cinta damai dan kesatuan. Kanthi makaten, tiyang ingkang nggadhahi 9 karakter kalawau dipunwastani tiyang ingkang sae. Sesambetan kaliyan babagan ing nginggil, satunggaling pawongan nindakaken pakaryan ingkang sae menika amargi 3 prekawis, inggih menika 1) competence, 2) will, lan 3) habit. Tigang prekawis menika kedah kawedharaken dados nilai-nilai utami ingkang kedah dipuntanemaken dhumateng para siswa kanthi cara nglatih siswa mangertosi, nresnani, lan nggadhahi pepenginan ngetrapaken babagan kasaenan. Nintingi wigatosipun pedhidhikan karakter menika katrapaken kanthi mandhiri lan dipunlebetaken (terintegrasi) salebetipun kurikulum sekolah, pramila mbabaraken 6 pilar sinau rumusan Badan Dunia UNESCO ingkang kedah dipuntranformasekaken dhateng saindhenging donya (Yustina dan Sudrajat, 2003), inggih menika: (1) learning to know (nguwaosi konsep, pamahaman ngengingi lingkungan, raos remen mahami, mangertosi mekanisme satunggaling pakaryan lan manggihaken samubarang), (2) learning to do (nguwaosi skill utawi kaprigelan kangge nggayuh kompetensi), (3) learning to live together (nepangi dhiri pribadi, nepangi tiyang sanes, nggayuh tujuan umum, kawasisan nyambut damel kaliyan tiyang sanes), (4) learning to be (wasis mrantasi prekawis lan damel kaputusan, sinau dhisiplin lan tanggel jawab tumrap pakaryan ingkang dipunlampahi), (5) learning society ( nindakaken proses pamucalan dhiri kanthi terus-terusan), lan (6) learning organization (sinau kolaboratif, sinau mimpin).
Katilik saking wujud praktisipun, pendhidhikan karakter wonten ing lingkungan pendhidhikan formal kawedharaken lumantar integrasi keilmuan. Kangge mujudaken pendhidhikan karakter tumrap para siswa dipunbetahaken wontenipun integrasi ingkang sawetahipun, antawisipun IQ (intelligence quotient), EQ (emotional quotient), SQ (spiritual quotient), lan AQ (action quotient). Sekawan nilai dhasar menika dipunrembakakaken saking sikap olah pikir, olah hati, olah rasa lan karsa, lan olah raga. Babagan menika saged dipunpirsani wonten tabel ing ngandhap menika. 


Gambar 01: Proses Pendhidhikan Komprehensif

Adhedhasar andharan kasebat nilai-nilai dhasar pendhidhikan karakter ingkang dipunutamekaken wonten sistem pendhidhikan Indonesia wonten 4, inggih menika:
1. Jujur
Nilai-nilai dhasar ingkang sesambetan kaliyan kajujuran, tuladhanipun: nggadhahi iman lan takwa, amanah, adil, tanggel jawab, nggadhahi empati, wantun mendhet resiko, pantang nyerah, rila kangge korban, lan nggadhahi jiwa patriotik
2. Cerdas
Nilai-nilai dhasar ingkang sesambetan kaliyan babagan kacerdasan, tuladhanipun: kritis, kreatif, inovatif, tansah kepengin ngertosi, nggadhahi pamikiran ingkang tinarbuka, produktif, nggadhahi orientasi tumrap ngrembakanipun IPTEKS, lan reflektif
3. Tangguh
Nilai-nilai dhasar ingkang sesambetan kaliyan babagan katangguhan, tuladhanipun: njagi karesikan lan sehat, disiplin, sportif, nggadhahi pribadhi lan katahan badan ingkang kiyat, remen memitran, kooperatif, determinatif, kompetitif, grapyak, lan gigih
4. Peduli
Nilai-nilai dhasar ingkang sesambetan kaliyan babagan kapredhulen, tuladhanipun: ramah, santun, rapi, nyaman, ngregani sesaminipun, toleran, remen tetulung, gotong royong, nasionalis, kosmopolit, ngutamekaken kapentingan umum, rumaos bombong ngginakaken basa lan produk Indonesia, dinamis, sregep nyambut damel, lan beretos kerja. Proses integral pendhidhikan karakter kaandharaken kados tabel menika.
OLAH PIKIR
FATHONAH
THINKER
IQ
(Bervisi, Cerdas, Kreatif, Terbuka)
OLAH HATI
SIDDIQ
BELIEVER
SQ
(Jujur, Ikhlas, Religius, Adil)
OLAH RAGA
AMANAH
DOER
AQ
(Tangguh, Gigih, Kerja Keras, Disiplin, Bersih, Bertanggungjawab)
OLAH RASA/KARSA
TABLIGH
NETWORKER
EQ
(Peduli, Demokratis, Gotongroyong, Suka membantu)
Gambar 02 : Proses Integral Pendhidhikan Karakter
Pendhidhikan karakter saged katilik saking tataran konteks makro lan tataran konteks mikro. Tataran konteks makro ingkang ndhasari wigatosipun pambangunan karakter bangsa saged katilik saking aspek filosofis, ideologis, normatif, historis, lan sosiokultural. Andharanipun, (1) aspek filosofis, pambangunan karakter bangsa mujudaken satunggaling kabetahan asasi salebeting proses berbangsa, amargi namung bangsa ingkang nggadhahi karakter lan jati diri ingkang kiyat ingkang saged eksis; (2) aspek ideologis, pambangunan karakter mujudaken upaya medharaken lan ngetrapaken ideologi Pancasila ing salebeting gesang berbangsa lan bernegara; (3) aspek normatif, pambangunan karakter bangsa mujudaken wujud nyata langkah kangge nggayuh tujuan nagari, inggih menika “melindungi segenap bangsa Indonesia dan seluruh tumpah darah Indonesia; memajukan kesejahteraan umum; mencerdaskan kehidupan bangsa; ikut melaksanakan ketertiban dunia berdasarkan kemerdekaan, perdamaian abadi, dan keadilan sosial” (alinea 4 Pembukaan UUD 1945); (4) aspek historis, pambangunan karakter bangsa mujudaken satunggaling dhinamika inti proses kebangsaan ingkang terus lumampah napaki sejarah, wiwit jaman panjajahan ngantos jaman kamardikan, sarta jaman sakmangke ngisi kamardikan kanthi pambangunan; lan (5) aspek sosiokultural, pambangunan karakter bangsa mujudaken satunggaling kuwajiban utami satunggaling bangsa ingkang multikultural (prinsip Bhinneka Tunggal Ika lan komitmen NKRI).
Kalenggahan Pancasila minangka dhasaring nagari mahanani konsekwensi bilih sedaya tata laksana kenegaraan lan tatalaku pranatanipun negara kedah adhedhasar Pancasila. Minangka sistem filsafat nagari, Pancasila nggadhahi konsep ngengingi nagari lan kadospundi nagari kasebat kedah dipuntata lan dipunbangun. Sedaya aspek kehidupan kenegaraan, salebetipun bidhang politik, ekonomi, sosial, lan budaya kedah adhedhasar konsep filsafat Pancasila. Adhedhasar tataran konteks makro, program pendhidhikan karakter bangsa saged dipungambaraken kados ing ngandhap menika:
Gambar 03: Konteks Makro Pendidikan Karakter
Amargi pendhidhikan karakter mujudaken kabiyasaan, pramila pambangunipun karakter satunggaling pawongan menika mbetahaken communities of character ingkang dumados saking kulawarga, sekolah, institusi keagamaan, media, pamarentahan lan sedaya pihak ingkang saged mangaribawani nilai-nilai generasi muda. Sedaya communities of character kasebat kedah saged maringi patuladhan lan keteladanan, intervensi lumantar proses piwucalan, pambiyasaan lan latihan ingkang dilampahi kanthi konsisten, lan ugi maringi panguwatan.
Pendhidhikan karakter katilik saking konteks mikro, dipunpunjeraken wonten satuan pendhidhikan sacara holistik. Saleresipun ingkang ingkang tansah dados garda depan salebetipun ngupaya pambangunan karakter bangsa Indonesia namung lembaga pendhidhikan. Pangrembakanipun karakter kaperang dados 4 pilar, inggih menika (1) proses pamucalan wonten kelas, kegiatan saben dintenipun kanthi wujud ngrembakakaken budaya wonten satuan pendhidhikan; kegiatan ko-kurikuler lan/ utawi ekstra kurikuler, sarta kegiatan saben dintenipun wonten ing nggriya lan bebrayan masyarakat. Pendhidhikan karakter wonten ing salebetipun proses pamucalan wonten kelas, dipuntindakaken kanthi ngginakaken pendekatan terintegrasi ing salebetipun sedaya mata pelajaran.

Gambar 04: Konteks Mikro Pendidikan Karakter
Supados pendhidhikan karakter saged lumampah kanthi efektif dipuntindakaken lumantar tigang desain, inggih menika: (1) Desain berbasis kelas, ingkang munjeraken relasi guru minangka pendhidhik lan siswa minangka subjek dhidhik; (2) Desain berbasis kultur sekolah, ingkang ngupados mbangun kultur sekolah ingkang mbangun karakter siswa kanthi kabantu pranatan sosial sekolah supados nilai-nilai ingkang sae kabangun lan katanemaken wonten salebetipun dhiri siswa; lan (3) Desain berbasis komunitas, ingkang munjeraken kawigatosan dumateng masyarakat lokal, wilayah, bangsa, lan negara.
PERANIPUN GURU ING SALEBETIPUN PAMBANGUNAN KARAKTER BANGSA
Menawi wonten pitakenan ngengingi sinten ingkang jumeneng wonten barisan ngajeng piyambak salebetipun ngupaya mindhake kualitas pendhidhikan karakter , budaya, lan moral bangsa, sedaya temtu mufakat bilih guru ingkang dados frontliner. Guru mujudaken ujung tombak pambangunan karakter bangsa, amargi namung lumantar donyaning pendhidhikan karakter bangsa kanthi efektif saged katanemaken dhumateng generasi mudha.
Pendhidhikan karakter, budaya, lan moral sejatosipun sampun karintis dening Ki Hajar Dewantara kanthi pamanggihipun ngengingi tri pusat pendhidhikan kangge mbangun konstruksi fisik, mental, lan spiritual ingkang kiyat lan tangguh kawiwitan saking (1) lingkungan kulawarga; (2) lingkungan sekolah; lan (3) lingkungan sosial. Menapa malih kanthi sistem amongipun ingkang wujud sesanti “ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani”. Sesanti menika maringi panuntun lan pandom tumrap pribadhi guru lan tiyang diwasa sanesipun ingkang nggadhahi jejibahan ndhidhik putra lan siswa tumuju tataran kadiwasan. Tiyang diwasa kedah saged dados patuladhan, dados kanca rembagan, lan dados panjurung ingkang tansah maringi motivasi tumrap putra/ siswa ing salebetipun napaki gesang ing bebrayan. Kirangipun kawigatosan tumrap salah setunggalipun ndadosaken pambangunan pendhidhikan boten salaras lan boten satimbang, ingkang ugi mangariwabawani tumrap pambangunipun karakter pribadhinipun siswa.
Adhedhasar UU Sisdiknas Nomor 20 Taun 2003, guru ingkang profesional kedah kagungan 4 kompetensi, inggih menika (1) kompetensi pedagogik (kompetensi kangge mranata proses pasinaonipun siswa); (2) kompetensi kepribadian ( kagunan jiwa lan pribadhi ingkang mantep, kagungan akhlak ingkang mulya, arif, kagungan kawibawan, lan dados patuladhan tumrap siswa); (3) kompetensi profesional (nguwaosi materi piwucalan ingkang wiyar lan salaras kaliyan bidhangipun); lan (4) kompetensi sosial (saged nindakaken komunikasi lan sesambetan kaliyan pawongan ing kanan-keringipun). Menawi sedaya kompetensi sampun dipungadhahi para guru, mliginipun kompetensi kepribaden lan sosial, sejatosipun para siswa kanthi boten langsung sampun pikantuk pendhidhikan karakter. Pramila kados pundi jatidhiri guru kaandharaken “mediocre teacher tells, good teacher explains, great teacher inspires”, ingkang artosipun guru biyasa limrahipun biyasa ngandharaken , guru ingkang sae kedah saged maringi tuladha lan mraktekaken, guru ingkang limpad lan hebat saged maringi inspirasi siswanipun.
Kriteria kangge ngukur tenaga pendhidhik ingkang profesional saged kapirsanan wonten ing UU Guru dan Dosen Bab III Pasal 7 ingkang ngandharaken sangang (9) prinsip profesionalisme, inggih menika (1) Kagungan bakat, minat, panggilan jiwa, lan idealisme; (2) Kagungan komitmen kangge ngindhakaken mutu pendhidhikan, keimanan, ketakwaan, lan akhlak mulia; (3) Kagungan kualifikasi akademik lan pengalaman pendhidhikan ingkang salaras kaliyan jejibahan (bidang tugas); (4) Kagungan kompetensi ingkang dipunbetahaken salaras kaliyan jejibahan; (5) Kagungan tanggel jawab tumrap tumindakipun tugas keprofesionalan; (6) Kagungan pangasilan ingkang ditemtokaken salaras kaliyan prestasi nyambut damel (prestasi kerja); (7) Kagungan kalodhangan kangge ngrembakakaken Memiliki keprofesionalan sacara berkelanjutan kanthi prinsip belajar sepanjang hayat; (8) Kagungan jaminan perlindungan hukum ing salebetipun nindakaken tugas profesional; lan (9) Kagungan organisasi profesi ingkang kagungan kawenangan ngatur babagan ingkang gegayutan kaliyan tugas keprofesionalan guru.
Guru ingkang jarwodhosokipun “ digugu lan ditiru” sejatosipun minangka jiwa ing salebetipun mbangun kapribaden lan karakteripun siswa. Guru dados patuladhan tumrapipun siswa. Kangge dados pawongan ingkang dados patuladhan boten gampil. Nilai-nilai keteladhanan ingkang kedah dipunrembakakaken: kapisan, guru kedah konskuen kaliyan menapa ingkang dipunwucalaken. Saderengipun medharaken lan mucalaken nilai-nilai ingkang sae dhumateng siswa, guru kedah saged nindakaken refleksi menapa guru sampun nindakaken nilai-nilai menika ing saben dintenipun. Kaping kalihipun, guru boten main topeng. Boten sekedhik guru ingkang main topeng ing sangajengipun siswa. Guru kedah latihan nampi kawontenan dhiri pribadi bilih guru boten sampurna, nggadhahi kekirangan lan kalangkungan. Pramila boten wonten awonipun guru ngakeni kalepatan manawi pancen lepat wonten sangajengipun siswa. Guru menika manungsa limrah, boten sedaya babagan dipungertosi, pramila sampun dados pribadi ingkang rumaos mangertosi sedayanipun. Guru sageda dados pawongan ingkang “ bisaa ngrumangsa, lan aja rumangsa bisa”. Kaping tiga, sinau terus tanpa mandheg (life long education). Tugasipun guru mbiyantu siswa ngrembakakaken potensi lan kawasisanipun, pramila guru kedah terus sinau. Kanthi terus sinau, guru tansaya wiyar lan jembar wawasan lan pangertosanipun, saengga saged nularaken kawruhipun dhumateng siswa.
Jejibahan lan tanggel jawabipun guru wonten sekolahan lan wonten bebrayan mesthi sesambetan kaliyan nanemaken nilai-nilai pesen moral bab kasaenan lan nilai-nilai sosial. Indikasi keteladanan wonten donyaning pendhidhikan nglibataken guru, staf, karyawan, kepala sekolah, direktur, pengurus perpustakaan lan sedaya pawongan ingkang sesambetan kaliyan donyaning pendhidhikan. Guru wonten salebetipun proses pamucalan kagungan multitugas, multiperan, lan multi kompetensi. Kanthi cekak-aos tugas guru kagambaraken wonten bagan menika.

Gambar 05: Bagan Tugas, Peran, dan Kompetensi Guru
Andharan ing nginggil salaras kaliyan pamanggihipun Surya (1997) ngengingi peranan guru wonten sekolahan, kulawarga lan masyarakat kawawas saking segi dhiri-pribadi (self oriented), guru kedah kagungan peran minangka: (1) Pekerja sosial (social worker), inggih menika pawongan ingkang kedah ngaturi pelayanan dhumateng masyarakat; (2) Siswa lan ilmuwan, inggih menika pawongan ingkang tansah sinau kangge ngrembakakaken lan nambah kawruh lan wawasanipun; (3) Tiyang sepuh, artosipun guru minangka wakilipun tiyang sepuhipun siswa wonten ing sekolahan; (4) model keteladanan, artosipun guru mujudaken modhel tumindak (perilaku) ingkang badhe dipuntuladha dening para siswa; lan (5) Tiyang ingkang maringi keslametan tumraping para siswa, pramila siswa diajeng-ajeng nggadhahi raos ayem, tentrem, aman rikala dipundhidhik lan dipunasuh dening guru.
Sesambetan kaliyan kawontenan piwucalan sakmangke, guru anggenipun nindakaken proses pamucalan kanthi ngetrapaken PAIKEM (pembelajaran aktif, inovatif, kreatif, efektif, menyenangkan) lan boten nindakaken PAIJO (pembelajaran apatis inosen, jemu, ora mutu). Guru boten dados satunggaling pawongan ingkang paling well informed tumrap sedaya informasi lan kawruh ingkang tansah tuwuh ngrembaka sesambetan kaliyan ngrembakanipun manungsa ing ngalam donya. Peranan guru boten dados pawongan ingkang langkung onjo wonten satengahing para siswa, nanging antawisipun guru lan siswa mujudaken mitra kangge dhiskusi ngrembag sedaya kawruh. Proses piwucalan boten teacher centre, nanging langkung munjeraken dhateng siswa (students centre) minangka subjek dhidhik.
NGREMBAKAKAKEN PRANGKAT PAMUCALAN ADHEDHASAR PENDHIDHIKAN KARAKTER
Konteks mikro pendhidhikan karakter wonten salebetipun satuan pendhidhikan dipunrembakakaken kanthi prinsip-prinsip:
1. Berkelanjutan, ingkang artosipun proses pangrembakanipun nilai-nilai karakter bangsa mujudaken satunggaling proses ingkang panjang milai siswa mlebet sekolah ngantos tamatipun wonten satuan pendhidhikan tartamtu;
2. Melalui semua subjek pembelajaran, pengembangan diri,dan budaya satuan pendidikan ingkang nggadhahi syarat bilih proses pangrembakanipun nilai-nilai karakter dipuntindakaken lumantar kegiatan kurikuler saben mata pelajaran/mata kuliah, kokurikuler lan ekstra kurikuler. Panglestarinipun karakter lumantar kegiatan kurikuler mata pelajaran/matakuliah kedah ketawis wonten dampak instruksional (instructional effect) lan dampak pengiring (nurturant effect).
3. Nilai tidak diajarkan tapi dikembangkan (value is neither coughtnor taught, it is learned), ingkang artosipun materi nilai-nilai luhur lan karakter bangsa sanes bahan ajar biyasa. Nilai-nilai karakter bangsa boten namung dipunsinaoni utawi dipunwucalaken minangka konsep, teori, prosedur, utawi fakta, nanging kedah dipuntanemaken dhumateng dhiri pribadinipun siswa utawi dipuninternalisasi lumantar proses pamucalan.
4. Proses pendidikan dilakukan peserta didik secara aktif dan menyenangkan. Prinsip menika nedhahaken bilih proses pendhidhikan karakter dipuntindakaken para siswa, boten gurunipun. Guru/dosen ngetrapaken prinsip ”tut wuri handayani” wonten salebetipun tumindak utawi perilaku ingkang dipuntedahaken dhumateng siswa. Prinsip menika ugi nedahaken bilih proses pendhidhikan dipuntindakaken kanthi swasana pasinaon ingkang ngremenaken lan bonten kepeksa (indoktrinatif) utawi ngetrapaken PAIKEM.
Pendhidhikan karakter ingkang kagem pandom lan panuntun ing proses pamucalan adhedhasar proses olah hati (jujur), olah pikir (cerdas), olah rasa/ karsa (peduli), lan olah raga (tangguh) kados ingkang sampun kaandharaken saderengipun. Pendhidhikan karakter dipunlebetaken wonten saben mata pelajaran boten namung wujud materinipun, nanging ugi kaserat lan kalebetaken wonten pangrembakanipun prangkat pamucalan, kadosta silabus lan RPP. Peraturan Pemerintah Nomor 19/2005 Pasal 20 ngandharaken “perencanaan proses pembelajaran meliputi silabus dan rencana pelaksanaan pembelajaran yang memuat sekurang-kurangnya tujuan pembelajaran, materi pembelajaran, metode pembelajaran, sumber belajar, dan penilaian hasil belajar”.
Pendhidhikan minangka satunggaling proses internalisasi budaya dhumateng dhiri pribadinipun pawongan lan bebrayan masyarakat ingkang ndadosaken pawongan lan bebrayan dados pribadi ingkang beradab. Lembaga pendhidhikan kejawi mujudaken sarana transfer kawruh dhumateng para siswa, ugi minangka sarana pambudayan lan panyaluran nilai (enkulturisasi dan sosialisasi). Siswa kedah pikantuk pendhidhikan ingkang nanemaken dimensi dhasar pangraos kamanungsan. Dimensi kamanungsan menika nyakup tigang prekawis ingkang utami, inggih menika: (1) afektif ingkang kawedharaken lumantar kualitas keimanan, ketakwaan, akhlak mulya kalebet budi pekerti luhur sarta kapribaden unggul, lan kompetensi estetis; (2) kognitif ingkang kawedharaken lumantar kapasitas pikir lan daya intelektualitas kangge ndhudhah lan ngrembakakaken sarta nguwaosi IPTEKS; lan (3) psikomotorik ingkang kawedharaken lumantar kawasisan ngrembakakaken katrampilan teknis, kecakapan praktis, lan kompetensi kinestetis.
Menapa prangkat piwucalan ingkang sampun kasusun para guru nedhahaken pendhidhikan karakter? Sejatosipun prangkat pamucalan ingkang sampun kasusun guru sampun nggambaraken pendhidhikan karakter sacara implisit. Guru anggenipun ngrumusaken tujuan pamucalan adhedhasar pandom taksonomi Bloom ingkang nyakup ranah pengetahuan (kognitif), ketrampilan (psikomotor), lan nilai lan sikap (afektif). Ranah kognitif lan psikomotor limrahipun sampun kaandharaken sacara eksplisit utawi karumusaken minangka tujuan pamucalan (instructional effect /tujuan pembelajaran), dene ranah afektif minangka tujuan tambahan (nurturant effect / tujuan sampingan) boten kaserat eksplisit. Wonten ing prangkat pamucalan ingkang adhedhasar pendhidhikan karakter, nilai-nilai karakter kawedharaken secara eksplisit wonten ranah afektif. Adhedhasar pandom ingkang wonten, babagan substansial ingkang mbentenaken prangkat pamucalan ingkang sampun kaserat para guru kaliyan prangkat pamucalan karakter kaandharaken ing ngandhap menika:
(1) Rumusan indikator lan tujuan pembelajaran
Rumusan indikator lan tujuan pamucalan ingkang adhedhasar pendhidhikan karakter dipunklompokakan adhedhasar taksonomi Bloom, inggih menika ranah kognitif, psikomotor, lan afektif. Ranah afektif mujudaken implementasi pendhidhikan karakter ingkang punjeripun wonten sikap jujur (olah hati), cerdas (olah pikir), peduli (olah rasa lan karsa), lan tangguh (olah raga). Ranah afektif kaperang dados 2, inggih menika perilaku berkarakter lan keterampilan sosial. Perilaku berkarakter munjeraken ngrembakanipun tumindak karakter ingkang tumuju dhateng sikap pribadi siswa, dene katrampilan sosial tumuju kangge ngrembakakaken tumindak karakter siswa sesambetan kaliyan tiyang sanes dalam konteks sosial. Indikator mujudaken panandha dipungayuhipun kompetensi dasar, dene tujuan pamucalan mujudaken tujuan operasional ingkang kagayuh wonten proses pamucalan. Anggenipun ngrumusaken tujuan pamucalan kedah jangkep kanthi ngandharaken aspek audience, behavior, condition, lan degree. Unsur ABCD kasebat nedahaken gambaran ingkang jelas proses pamucalan ingkang dipuntindakaken guru wonten kelas. Bentenipun rumusan indikator lan tujuan pamucalan kaandharaken kados tuladha menika.
Standar Kompetensi
7. Membaca indah karya sastra.
Kompetensi Dasar
7.1 Membaca puisi.
Indikator
Pola Lama
Berbasis Karakter
1. Mampu menjelaskan pengertian guritan
2. Mampu memberikan contoh guritan
3. Mampu menjelaskan jenis-jenis guritan
4. Mampu menjelaskan cara membaca guritan yang baik
5. Mampu membaca guritan dengan ekspresi yang baik
Kognitif:
1. Mampu menjelaskan pengertian guritan
2. Mampu memberikan contoh guritan
3. Mampu menjelaskan jenis-jenis guritan
4. Mampu menjelaskan cara membaca guritan yang baik
Psikomotor:
5) Mampu membaca guritan dengan ekspresi yang baik
Afektif:
Perilaku Berkarakter:
6) Mampu mengembangkan perilaku berkarakter: jujur, berani mencoba
Keterampilan Sosial:
7) Mampu mengembangkan keterampilan sosial bekerjasama, demonstrasi
Tujuan Pembelajaran
Pola Lama
Berbasis Karakter
1. Diberikan contoh guritan, siswa dapat menjelaskan pengertian guritan dengan benar.
2. Ditunjukkan beberapa contoh guritan, siswa dapat memberikan 3 contoh guritan lainnya dengan baik.
3. Dengan berpasangan, siswa dapat menjelaskan jenis-jenis guritan berdasarkan isinya dengan benar.
4. Dengan berpasangan, siswa dapat menjelaskan cara membaca guritan yang baik dengan benar.
5. Setelah mendapatkan contoh pembacaan guritan yang baik, siswa dapat membaca guritan dengan ekspresi yang baik
Kognitif:
1. Diberikan contoh guritan, siswa dapat menjelaskan pengertian guritan dengan benar.
2. Ditunjukkan beberapa contoh guritan, siswa dapat memberikan 3 contoh guritan lainnya dengan baik.
3. Dengan berpasangan, siswa dapat menjelaskan jenis-jenis guritan berdasarkan isinya dengan benar.
4. Dengan berpasangan, siswa dapat menjelaskan cara membaca guritan yang baik dengan benar.
Psikomotor:
5) Setelah mendapatkan contoh pembacaan guritan yang baik, siswa dapat membaca guritan dengan ekspresi yang baik
Afektif:
Perilaku Berkarakter:
6) Melalui pembelajaran kontekstual yang telah dilakukan, menunjukkan peningkatan perilaku berkarakter jujur, dan berani mencoba
Keterampilan Sosial:
7) Melalui pembelajaran kontekstual yang telah dilakukan, menunjukkan peningkatan keterampilan sosial bekerjasama dan demonstrasi



(2) Materi Pembelajaran
Materi piwucalan ingkang adhedhasar pendhidhikan karakter kawedharaken wonten ing “buku siswa”. Guru dipunmotivasi lan dipunaturi kalodhangan ingkang jembar kangge ngrembakakaken materi pamucalan, saengga salajengipun saged nyusun buku ajar kangge siswanipun ingkang salaras kaliyan klasipun. Pungkasanipun guru dipun ajeng-ajeng dados guru ingkang nindakaken PAIKEM kanthi kasadharan, boten kanthi peksan.
(3) Kegiatan Pembelajaran
Rumusan langkah-langkah kegiatan pamucalan ingkang adhedhasar pendhidhikan karakter kedah nglebetaken tumindak karakter ingkang sampun kaserat wonten indikator. Panyeratipun tumindak karakter wonten langkah-langkah pamucalan kasebat ngemutaken dhumateng guru lan siswa supados tansah nanemaken perilaku karakter sacara eksplisit. Bentenipun panyeratan kegiatan pamucalan kados ing ngandhap menika:

Pola Lama
Berbasis Karakter
Pambuka
1. Guru mengkondisikan siswa agar siap belajar dengan memberikan ilustrasi mengenai guritan secara umum
2. Siswa memperhatikan guru menginformasikan kompetensi dasar dan indikator pembelajaran yang ingin dicapai.
1. Guru mengkondisikan siswa agar siap belajar dengan memberikan ilustrasi mengenai guritan secara umum
2. Siswa dengan cermat memperhatikan guru menginformasikan kompetensi dasar dan indikator pembelajaran yang ingin dicapai.
Inti
1. Siswa memperhatikan beberapa contoh guritan yang dibawa guru
2. Siswa berpasangan mendiskusikan contoh guritan lainnya dari majalah
3. Siswa berpasangan menjelaskan jenis-jenis guritan berdasarkan isinya dengan benar.
4. Siswa berpasangan menjelaskan cara membaca guritan yang baik dengan benar.
5. Setelah mendapatkan contoh pembacaan guritan yang baik, siswa bergiliran membaca guritan dengan ekspresi yang baik
1. Siswa dengan jujur memperhatikan beberapa contoh guritan yang dibawa guru
2. Siswa bekerjasama berpasangan dan berani mencoba mendiskusikan contoh guritan lainnya dari majalah
3. Siswa bekerjasama berpasangan dan berani mencoba menjelaskan jenis-jenis guritan berdasarkan isinya dengan benar.
4. Siswa bekerjasama berpasangan dan berani mencoba menjelaskan cara membaca guritan yang baik dengan benar.
5. Setelah mendapatkan contoh pembacaan guritan yang baik, siswa bergiliran berani mencoba mendemonstrasikan membaca guritan dengan ekspresi yang baik
Panutup
1. Guru bersama siswa melakukan refleksi
2. Penugasan dengan mengerjakan tugas lanjutan
3. Salam
1. Guru bersama siswa melakukan refleksi dengan saling menghargai pendapat masing-masing siswa
2. Penugasan dengan mengerjakan tugas lanjutan
3. Salam
(4) Penilaian
Penilaian nyakup (a) jenis/teknik penilaian (kaperang kangge ranah kognitif, psikomotor, lan afektif), (b) wujud instrumen (dipunjangkepi kunci jawaban utawi rambu-rambu jawaban, (c) pandom/ pedoman kangge nyekor (kangge ranah afektif dipunginakaken lembar observasi/lembar pangamatan). Sedaya aspek ingkang kaserat wonten indikator, kognitif, psikomotor, lan afektif kedah dipundamelaken penilaian kanggo ngukur kagayuhipun KD. Penilaian ingkang adhedhasar pendhidhikan karakter kawedharaken lumantar 2 wujud, inggih menika Lembar Kerja Siswa (LKS) lan Lembar Penilaian (LP). LKS saged dipunsinaoni lan dipunrembag wonten salebetipun proses piwucalan, dene LP minangka alat kangge ngukur kagayuhipun Kompetensi Dasar. Tuladhanipun:
Penilaian berbasis kelas tentang materi yang tercakup dalam RPP ini dapat dilakukan dengan menggunakan alat-alat penilaian berikut ini:
1. Tes Tertulis
Siswa dikenai kuis individual dengan LP: Kognitif: Produk yang dilengkapi kunci jawaban ; LP: Psikomotor yang dilengkapi kunci jawaban.
2. Tes Kinerja: Penilaian kinerja dapat dilakukan dengan LP: Lembar Pengamatan Aktivitas Guru dan LP : Lembar Pengamatan Aktivitas Siswa
3. LP : Format Pengamatan Perilaku Berkarakter.
4. LP : Format Pengamatan Keterampilan Sosial.

SIMPULAN
Adhedhasar andharan ing nginggil saged kapethik dudutan sesambetan kaliyan upaya kangge mbangun pendhidhikan karakter ingkang kiyat tumrapipun siswa minangka generasi bangsa, inggih menika:
1. Pendhidhikan karakter mujudaken pendhidhikan nilai, budi pekerti, akhlak, moral, watak ingkang tujuanipun ngrembakakaken kawasisanipun para siswa salebetipun milah kaputusan sae lan awon, lan saged ngetrapaken samubarang ingkang sae ing salebitipun gesang saben dintenipun kanthi tumemen, minangka asil olah pikir (cerdas), olah hati (jujur), olah rasa lan karsa (peduli), sarta olah raga (tangguh) sawenehing pawongan utawa saklompok tiyang.
2. Guru mujudaken ujung tombak pambangunan karakter bangsa, amargi namung lumantar donyaning pendhidhikan karakter bangsa kanthi efektif saged katanemaken dhumateng generasi mudha. Guru ingkang profesional kedah kagungan 4 kompetensi, inggih menika (1) kompetensi pedagogik , (2) kompetensi kepribadian , (3) kompetensi profesional , lan (4) kompetensi sosial .
3. Guru kagungan peran nanemaken pendhidhikan karakter dhumateng siswa lumantar proses pamucalan lan prangkat pamucalan ingkang dipuntindakaken. Prangkat pamucalan ingkang adhedhasar pendhidhikan karakter nggadhahi titikan bilih tumindak karakter kedah kawedharaken wonten indikator afektif, inggih menika perilaku berkarakter lan ketrampilan sosial lan ugi kaandharaken wonten langkah-langkah pamucalan. Ing babagan menika, para guru kantun nindakaken rekonstruksi saking prangkat pamucalan ingkang sampun kaserat, boten nyerat saking wiwitan malih.

Sumber Kapustakan

Lickona, T. 1992. Educating for Character, How Our Schools Can Teach Respect and Responsibility. New York: Bantam Books.
_________. 1994. Raising Good Children: From Birth Through the Teenage Years. New York : Bantam Books.
Megawangi,R. 1999. Membiarkan Berbeda? Sudut Pandang Baru tentang Relasi Gender. Bandung: Pustaka Mizan.
Megawangi, Ratna. 2003. Pendidikan Karakter untuk Memban­gun Masyarakat Madani. Jakarta: IPPK Indonesia Heritage Foun­dation
Kemendiknas. 2010. Pembinaan Pendidikan Karakter di Sekolah Menengah Pertama . Jakarta
Usman, Moh. Uzer. 1989. Menjadi Guru Profesional. Bandung: Remaja Rosdakarya.
Zuriah, Nurul. 2007. Pendidikan Moral & Budi Pekerti dalam Perspektif Perubahan. Jakarta: PT. Bumi Aksara.

1 comments:

pak muliadi mengatakan...

KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.

KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


Posting Komentar

 
Design by Wordpress Theme | Bloggerized by Free Blogger Templates | Best Buy Printable Coupons